JALARAN DRIJI
Katrem ing jagad Maya
Pindha mapan ing alas lathi
Sok akeh sing kelangan arah
Kekendelan wae durung cukup
Dadi tameng dhiri
Kudu kandel dayane kapitayan
playune angen kang luwih rikat
katimbang titahe jangkah
saka anggit bisa nrabas maneka rasa
Driji luwih landhep
ngedhap-edhapi
Apa sing ora ana ing kene?
sing remen semon-semon?
sing kasmaran?
sing kegedhen empyak?
sing kelara-lara?
sing lamis?
Sing gedhe rumangsa?
Sing kojah sesorah ?
Sing pamer?
Sing awu-awu?
Tulisan sing pating sliwer
Kalane bisa dadi panglipur ati
uga sok negesi regeding pikir
Siji sing mesthi
aja lali dununge jati dhiri
Apik ya apik
Sing samadya wae
Ora usah anut grubyug
Ya bejane wong saiki
bisa menangi jaman reja
bisa ngerti
papan endi-endi ana lumahing bumi
Bisa tepang akeh kanca
saka layar hape iki
Ning kudu waspada
jalaran driji iki
Bisa nuwuhake beja apa cilakane awak dhewe ..🤭😍
*Jareku dina iki
Bules,210720
Tidak ada komentar:
Posting Komentar