POKAK
Rikala ati lan pikir wus reged
Apa wae mesthi ora kaanggep
Anane mung sarwa ora mranani ati
Saobahe Tansaya nggegarit ati
Kedadeyan ing endi papan
Aji mumpung Gampang rampung
Wis dakbundheli sajroning ati
Nalika angin santer nibakake warta
Saka sempyuh rerasan batin
Kang dadi reribeting pikir
Pengin daktimba
Ning emane taliku mung sadhepa
Ora kuwawa datan sulaya
Ya mung winates panjangka
Kukuh ing pecak jangkah
njegur ing kedhunge rasa
Ning kebak tidha-tidha
Pengin dakranggèh
Samar yen anane kêwêlèh
mung kandheg ing pengangen
durung klakon wis pokak ing kayun
Kapan bisa rinegem ing driji?
Kamangka kabeh pepenginan
Kudune nglewati perjuwangan
Ora mung tembung ngayawara
Kaya endahing pangimpen
Pindha manuk kang mabur dhuwur
mung luru mareming rasa
Pencolotan ing pang Mega
Datan sumelang kelangan arah
Binarung angin ngoyak wayah
nut tumibane pandum
kang wis ginaris ing langit
Mring maneka panjangka kang asring cidra
Ning aku isih duweni kapitayan
Kang dakugemi kanthi kukuh
Mapan jroning dhadha iki
Marang sekabehing lelakon
Mbokmenawa minangka pandadaran ngaurip
Dadi tapel watesing tekad
aku bisa methuk kabagyan
Jalaran Gusti bakal Paring piwales tan kanyana
mring wutahe kringet
Ilining banyu netra
Ing kana ana rupa-rupa perjuwangan
kang satuhu mlintir pangrasa
kebak rekasa panelangsa
Mung gedhene rasa syukur
Sing dadi sumbering katentreman batin.
*Ndreminil ing tritis awan
Denayu😷😷🌹
Gurite bules,030520🤗
Tidak ada komentar:
Posting Komentar