Minggu, 10 Mei 2020

PARIKAN ..MANGGA..PARIKAN!!


1 .Blimbing wuluh sadhompol Pitu =
Ngudi kawruh ora winates wektu

2. Sadhompol pitu gogrok ing lemah =
Ora usah metu luwih becik ana omah

3.lemah amba Jenenge plataran =
Aku pengin bisa nulis parikan 

4.plataran aja tanduri wit tales=
Latihan nyerat aja nganti males

5.wit tales godhonge ungu =
Yen males tangeh sregep sinau

6. Ungu Manda abang kembange mawar=
Atiku krasa sayang aja nganti ambyar

7. Kembange mawar mekare awan =
Yen ambyar atine lara tenan

8. Awan- awan dolan ing bengawan=
Ati sing kelaran selawase dadi sanggan

9. Bengawan mili tekan segara=
Katresnan iki ya mung kanggo sira

10.segara ngono Banyune asin=
Apa ora krasa yen takbatin

11. Asin-asin rujak kluweh  =     
Ora isin wong durung kaweleh

12. Kluweh ditandur ing perengan=
Sing sumeh jroning sesrawungan

13.perengan lemahe miring ngetan=
Sesrawungan iku nyambung seduluran 

14. Miring ngetan omahe dhoyong=
Yen guneman aja waton omong 

15.dhoyong-dhoyong kembange salak=
Ayo... omong-omong sing kepenak 

16. Salak legi wetone desa wedi
= Wong galak kancane memedi

17. Wedi mblasah Ing pinggir Bengawan =
Wani ngelah mung marang pangeran

18.  Bengawan ing pinggir ara-ara=
Mring pangeran nyuwun agunge pangapura

19.ara-ara amba tuwuh alang-alang=
Aja ngaruara dimen ati padhang jingglang 

20.alang-alang digawe parem =
Aja disawang mundhak kesengsem

21. Parem didheplok ing Plumpang =
Ati marem nyandhing sing disayang


22. Plumpang klebu tlatah tuban =
Yen sayang aja ngglibetan

23.Tuban bumi wali sing wis kondhang =
Katresnan iki daktulis kebak rasa sayang

24. Wis kondhang wangine kembang melati  =
Aja Sumelang mring katresnan jati.

25. Kembang melati pepasren putri kayangan =
Yen sayang gemati ora bakal kelangan 

Lestari Sahsa Malika
*Denok ayu lestari

Ngadiluhur ,110520


Minggu, 03 Mei 2020

MECAKI LURUNG ALIT

Dakpecaki lurung alit iki
gegancangan kukuhing niyat 
Nrabas lanciping watu-watu
Anuju cahyaning iman
Ing sasi ramadan iki 
dadiya rerambatan satuhu
Ngresiki rereged 
kang tumempel jroning ati
Mblered katon surem
Kalindhes jaman sarwa instan..
Lirwa ing dalan kabecikan 
Anane mung sarwa keplayu
Mburu wektu tanpa eling 
Rina wengi keplantrang uruping nepsu

Ing surup sandikala ayat-ayat sumunar 
Pating tleram gumandhul ing pang mega 
Nlesep Ing kalbu 
Paring suluh amadhangi laku
Anuju ridhone Gusti.. 

aamin ❤️

Lestari Sahsa Malika
040520

EMAN YEN ILANG AYUNE ..MESEMA🌹

Sasuwene iki aku durung bisa mangerteni 
kepiye kudune nyikapi apa sing dadi sanggan sing dumadakan teka ing uripku 
kepiye yen ujug-ujug nemoni dalan rumpil lan kebak sandhungan?

rubeda lan reridhu apa wae sing kaprangguli
nganti bisa anjalari urip 
kaya kitiran,mubeng muser ora ngerti wayah
apa maneh nandhang lara ati merga saka pengkhiyanatan embuh saka pasangan dhewe utawa kanca ...
mesthi ora bisa nggambarake kepiye ngampah sakehing tatu
ing saben mlebu metune napas.
ing wektu iki 
aku pancen durung pantes duweni ati sing resik
Sing bisa dadi panutan
dudu kapasitasku nuturi
kanggoku yen aku nulis 
*kata mutiara
*motivasi diri
*sangu leladi
iku ya mung kanggo nuturi awakku dhewe.
Njur takcenthelake ing dinding sosmed
sapa ngerti ana kanca 
kersa maca lan ana manfaate

aku ngerti 
yen kabeh wong iku bisa berubah 
Dadi pribadhi sing luwih apik lan wicaksana.
amerga wis kasil nglewati sakehing permasalahan 
piye reka dayane ngudhari ribet 
Sing gawe peteng pikir
rumangsa kasiya-siya lan sengsara.
ya..mbokmenawa saka maca-maca tulisan sing kebak pitutur utawa motivasi 
kanthi reroncen ukara sing endah 
Bisa dadi panglipur ati 
bisa nggugah semangat
Ora kedlarung ing kesedhihan.
Akon-alon bisa bisa dadi pribadhi tangguh lan mandiri...

urip iki pindha mapan jroning alas gung liwang-liwang 
kebak eri lan maneka rintangan.
yen gampang nglokro 
endi bisa uwal saka keruwetan urip
perjuwangan lan semangat tansah diudi 
kareben tetep bisa kuwat.
Lan mengkone mental lan karakter bakal teruji.
nalika sikil jumangkah 
Ing dalan kebak krikil
Tatu lan perih wis ora bisa den endhani.
munggah mudhun ing dalan rumpil 
menggak-menggok anjalari kojrat lan sambat.
rinasa urip kebak kasangsaran lan kijenan.
adoh lor adoh kidul
Kanca ngilang ing saben enggokan
iki sing jenenge epesode urip 
Nemahi lelakon sing banget rekasa
kabeh kuwi sejatine guru 
sing ngajari dadi pribadhi tangguh..
pribadhi tangguh iku 
dudu sing ora nate nangis nalika nandhang coba
nangis iku ora mujudake kelemahan.
lumrah sapa wae dikeparengake nangis.
mbokmenawa saben tetesing luh iku bisa ngenthengake sanggan jroning dhadha ..
ora apa-apa
aja dibendhung,nangisa...
ora usah isin kuwi jeneng lumrah utawa manusiawi.
ning.. aja suwe-suwe
Enggal diusapi luhe njur mesema....

Eman..yen ayune ilang 
kesaput deresing Luh
Mesema..mesema ya
Bareng mletheke srengenge 
sumunar kencar-kencar😍
*ndreminil ing tritis awan 
Sacebloke Ukara...Bu les🤗🤗
040520

Sabtu, 02 Mei 2020

POKAK *GURIT ING TRITIS AWAN

POKAK

Rikala ati lan pikir wus reged
Apa wae mesthi ora kaanggep  
Anane mung sarwa ora mranani ati
Saobahe Tansaya nggegarit ati
Kedadeyan ing endi papan
Aji mumpung Gampang rampung
Wis dakbundheli sajroning ati
Nalika angin santer nibakake warta
Saka sempyuh rerasan batin
Kang dadi reribeting pikir

Pengin daktimba
Ning emane taliku mung sadhepa
Ora kuwawa datan sulaya
Ya mung winates panjangka
Kukuh ing pecak jangkah
njegur ing kedhunge rasa
Ning kebak tidha-tidha

Pengin dakranggèh
Samar yen anane kêwêlèh
mung kandheg ing pengangen
durung klakon wis pokak ing kayun
Kapan bisa rinegem ing driji?
Kamangka kabeh pepenginan
Kudune nglewati perjuwangan
Ora mung tembung ngayawara
Kaya endahing pangimpen 

Pindha manuk kang mabur dhuwur
mung luru mareming rasa
Pencolotan ing pang Mega
Datan sumelang kelangan arah
Binarung angin ngoyak wayah

nut tumibane pandum 
kang wis ginaris ing langit
Mring maneka panjangka kang asring cidra

Ning aku isih duweni kapitayan
Kang dakugemi kanthi kukuh
Mapan jroning dhadha iki

Marang sekabehing lelakon 
Mbokmenawa minangka pandadaran ngaurip
Dadi tapel watesing tekad
aku bisa methuk kabagyan

Jalaran Gusti bakal Paring piwales tan kanyana
mring wutahe kringet 
Ilining banyu netra

Ing kana ana rupa-rupa perjuwangan 
kang satuhu mlintir pangrasa
kebak rekasa panelangsa
Mung gedhene rasa syukur 
Sing dadi sumbering katentreman batin. 
*Ndreminil ing tritis awan
Denayu😷😷🌹
Gurite bules,030520🤗

Jumat, 01 Mei 2020

PUISI *PLUS~3 @KURATOR BPK ARIF GUMANTIA ✓KETUA MAJELIS SASTRA MADIUN

1.  
menjelajah embun 
Pada rerumputan pagi
bersenyawa dalam gigil
sepenggal napas menghirup rindu
berayun pada jarak yang hampa.

2.
Tetaplah begitu
Mencandai waktu
bersembunyi digempita angan
agar selalu tumbuh rindu 
Yang tertanam dibarisan aksara 
Pada musim paling semi...



3
Di semesta yang agung   
Ku jumpai keindahan puisi
Menghanpar tanpa batas
ku eja sebagai ayat-ayat suci
pada langkah kecil tertatih 
Selalu ku seru keagunganMU
Sebagai penyangga jiwa yang rapuh


4
Di ujung malam doa-doaku tumpah
resah ditepian munajat
Dadaku bergetar
Wajah dosa terkapar lunglai
Nampak retak cermin hati
Ampuni aku Gusti
Lestari Sahsa Malika
020520