Bangeten tis.,,kucing ku sayang
Kowe rong dina ora mulih
Takgoleki nganti seser
Jebule kowe wis moh takrumat
Kowe rong dina ora mulih
Takgoleki nganti seser
Jebule kowe wis moh takrumat
Esuk iki kowe nyendhal ati
Layonmu ngglethak ing latar
Luh sanalika dleweran ana pipi
Layonmu ngglethak ing latar
Luh sanalika dleweran ana pipi
taklilakne kowe sowan GUSTI
Sepurane yen aku kurang gemati
Sasuwene kowe ngenger aku
Penakna anggonmu turu
Angler ing paturonmu anyar
Sepurane yen aku kurang gemati
Sasuwene kowe ngenger aku
Penakna anggonmu turu
Angler ing paturonmu anyar
Selamat jalan mentis sayang.....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar