Kamis, 02 Mei 2019

1.KUMPULAN GEGURITAN SPENSABA

1. KANGENKU MARANG SANG ILLAH

Esuk sore ing bumi
Rada-rada miris ing kene
Kabeh ngupadi rejeki
Kanggo urip piyambakipun
Ing endi sira ?
Kanggo uning kawujudane

Bumi gedhe banget
Ing endi kula bisa ngupadi sira
Kapan kula bisa pethuk sira
Kula kepingin sira
Ing kene kula ngenteni sira
Amerga kula kangen marang sira

dening :
Najwa viga pramista
Kls VIII C

2.
Triana Dewi Arianda 7 D

GURUKU PEPUJANKU

Guru..
Mung sliramu sing dadi pepujanku
Paring ilmu ora nyawang wektu
Aku ora bakal lali marang lelabuhmu
Guru ..
Swaramu tansah dakelingi
Pituturmu ora bakal daklali
Minangka ilmu sing migunani

Guru...
Wayah esuk panjenengan wis samapta
Panase srengenge ora dadi pepalang
Esem lan donga nuntun jangkahku
mangerti kahanan donya

Guru..
Ing nalika ragamu Kesel
Lan atimu Lara
ora nate dadi runtiking penggalih
Panjenengan tetep sareh lan prasaja

Guruku pepujanku
Ora ana piwales sing bisa dadi sesulih
Kabeh mujudake eklasing ati
Aku mung bisa kandha
Maturnuwun tanpa pepindhan
Marang panjenengan dwija sejati

3. Nur Azizah  7 F

_TRUE FRIENDS_

Luwih dawa wektu kanggoku lelumban ing alam donya iki
tinimbang sliramu, sumitra...
Angel rasane malik kahanan gumbira nalika bareng sliramu,
dadi sedhih kang njarem jroning atiku..

Bareng sliramu dakronce maneka lelakon
sing saiki mung dadi kenangan
Amerga sliramu wis lunga saka sandhingku
Netepi pesthi garising Gusti
Ninggalake aku sing isih durung lila
Binarung ilining luh kang sempyuh
Dleweran ing pipiku iki

Senajan kita ora bisa urip bebarengan
Sajroning ati iki mung ana jenengmu
Sandi ...selawase mung sliramu katresnan sejatiku.

4.
ZELIKA SINTA AGUSTINA 7 H

BEGAL

Begal
Asring diarani brandhal
Saben-saben gamane diungkal
Kanggo nodhong wong sajroning terminal

Begal
Pinter golek akal
Sapa sing apes mesthi dadi tumbal
Mripat lan pikir pindhane kadhal
Yen kecekel dulangen sandhal

Pancen begal saiki
Luwih tega nglarani
Nggawa pistul nembak nganti mati
Agawe gregeden para polisi
Kudu dibrantas lan diadhili
Yen kecekel becike ditembak mati
 
Jalaran wis akeh sing dadi korban
Ngroyok bandha donya sadhengah papan

Oh..begal !
Magertiya kabeh kuwi barang haram
Elinga marang siksaning nraka jahanam.

5. Marcha febrilia prihantini
7 H

IBUKU

Ibu...
Senajan raga kesel isih ana esemmu
Rina klawan dalu sengkut makarya
Datan ngersula netepi kewajiban
Tansah kuwat tanpa ana sambat
Kabeh mung kanggo aku

Ibu..
kesabaranmu pindha segara
Ngadhepi polah tingkahku sing ndableg
Tansah jembar paring pangapura
Nuntun lakuku amrih tansah kuwat

Ibu..
Nyadhong duka ingkang kathah
Aku mung bisa ndedonga
Mugi tansah pinaringan kasarasan
Lan kasinungan rejeki ingkang berkah
saking  Gusti ingkang maha agung.

6.Mutia septi rachmawati  7C

IBU

Lelabetmu pindha ibu pertiwi
Senajan dipilara denpaculi
Malah nuwuhake wiji
Kanggo panguripane sagung dumadi
Kanthi sabar anggonmu ngreksa

Ibu...
Ngandhut aku suwene sangang sasi
senajan lara kayangapa dilakoni
Asihmu pindha gebyaring lintang ing akasa
Sayekti wujud kaendahan ing alam donya
Rasa tresnamu  kaya ombak segara
Tan kendhat gemulung ing jembare rasa
Sabar Nggulawentah marang para putra

Daksuwun donga pangestu ibu
Tansah ngiringi pecak jangkahku
Mring kabeh gegayuhanku
Bareng esem ngujiwat kang madhangi ati

Ibu....
Sewu atur ora bakal cukup
Bandha donya ora bakal nutup
Kanggo nyulihi gedhene katresnanmu.

7. ELUH SOKYASA YOJYAWRISTI  7C

NEGRIKU INDONESIA

Negriku Indonesia
Negri kang elok kang daktresnani
Sinebut jamrut katulistiwa
Kanthi mayuta pulau
Saka sabang nganti merauke

Negriku Indonesia
Lemah kang satuhu subur
sarwa tuwuh kang tinandur
Rakyat padha guyub rukun
Bebarengan tulung-tinulung

Negriku Indonesia
Saiki wis akeh dadi lemah bera
Ora katon ngrembuyunge wit-witan
Jalaran wis dikethoki tanpa petungan
Kayune  banget larang pangajine

Negriku Indonesia
Saiki wis ilang rasa gotong royonge
Sadhengah papan wis dibangun gedhung
Tetanduran kelangan oyote

Negriku Indonesia
Dakgadhang bisa kaya mbiyen
Rakyate tansah guyub rukun
Urip kang Gemah ripah loh jinawi.

8.. NIR SIFA AINI 7G

SEKOLAHKU

Sekolahku ..
Ing kene aku ngupadi ilmu
Ora mung nulis lan maca
Nggarap tugas ing njaba jam sekolah
Ning uga sinau endahing budi pekerti
Amrih tansah bekti marang wong tuwa
Welas asih marang kanca
Adoh saka srei lan drengki
Nengenake kerukunan ing memitran

Bapak lan ibu guru ...
Paring ilmu tanpa pamprih
Supaya aku dadi manungsa migunani
Tumraping  bangsa lan negari.

9..SALSABILA DWI   kls =?

KORUPSI

Abang putih ngawiyat ing langit pertiwi
Cinipta saka getih lan balung para pejuwang
Ilining kringet lumeber ing madyane palagan
Kanggo nggayuh kemerdhekaan

Ning saiki apa ?
Kowe padha ngapusi
Kowe padha korupsi
Wis kelangan iman
Wis ora duwe isin

Delengen !
Rakyatmu akeh sing kurang mangan
Kowe pamer uripmu sarwa kecukupan
Rakyatmu urip mlarat
Ning dhuwitmu saarat-arat

Sing saiki makmur  sapa?
Kowe lan kanca-kancamu ta?
Elinga mring Rakyat sing berjuwang

Ayo...brantas korupsi!!
Ayo.. mbangun bangsa
Kanthi budi pekerti kang uhur
Anuju indonesia subur makmur
Rakyat sejahtera lan jaya.

10.ibu Nur Aini

JAMAN MAJU

Ing jaman maju
Sawernane sarwa elektronik
Ndesa lan kutha wis ora beda
Kabeh padha melek internet
Rina wengi njingglengi android
Saperlu ngupadi maneka warta
Kanggo ngundhakake kawruh
Kudu Pinter anggone milah informasi
Mesthi bakal ana pikoleh migunani

Siji sing wigati
Aja kepencut warta kang salah
Awit bisa njalari tatanan bubrah
Uga rasa pangrasa tansaya mblarah
Ya mung sing kandel imane
Ora bakal sulap mring kemajuwan jaman

Dhuh Gusti..
Nyadhong pepadhang lan pitudhuh
Amrih para mudha ora salah dalan
Minangka generasi penerus bangsa
Mugiya paduka paring kanugrahan
Ilmu kang mupangati
Kaluhuran budi pakerti
Supaya bisa tatag lan tangguh
Ngadhepi godha ing gebyaring donya .

11. RAHMAWATI PUTRI ROSYANTI  7G

BUN WAYAH ESUK

Ing plethek srengenge esuk
Swara manuk dadi panglipur ati sedhih
nyawang akasa pepaes manda jingga
Mega kaprada soroting bagaskara

Sangisoring mega kartka
Takgambar esemmu
Takukir jenengmu
Amprih sliramu ngerti
Senajan ing tebih kana
Kaya bun wanci esuk ing gegodhongan
Muga bisa gawe bungah atimu

Mbesuk nganti kapan wae
Lan jangkah iki ana endi
Sliramu tansah dadi punjering pikir
Apa iki dayane wong nandhng asmara?
Apa ta aku dhewe sing gedhe rumangsa ?

Balen, 020419

Tidak ada komentar:

Posting Komentar