Jroning sesrawungan iku mesthi kekancan karo wong kang duweni maneka karakter,
ing kene kita kudu pinter-pinter nepakne awak,duga-duga kudu digawa.
Yen dugane nganti keri lan lali bisa ora duwe aji.

Duga-duga tegese>>
sopan tumindake lan ngerti ing tatakrama.
masiya ing endi wae, srawung karo sapa wae,wong kudu duweni tata krama.
Tindak-tanduk,solah-bawa,muna-muni,ditata amrih mranani lan gawe resepe ing pasrawungan.
Wong, yen briga-brigi,dar-der,sok glogog, ceplas-ceplos,ora ngerti unggah-ungguh, bisa ora kajen ing pasrawungan.
Ngedikane para sepuh,bisaa tansah duweni unggah-ungguh duga-duga yaiku ngaosi/ngajeni marang sapadha-padha titah,mboten mbedakake setunggal lan setunggalipun,
karana ngrumaosi sami2 titahing Gusti,
sabarang pakarti kudu nganggo deduga/ukuran, kalebet unggah ungguh, supados saged mangertosi kaliyan sinten ta kita niki sesambetan,
Lan siji sing wigati aja digebyah uyah.

Saged mapan lan manjing ajur ajer ing pasrawungan.
tata krama lan unggah ungguh punika sanes kangge ngajeni liyan, saestunipun kangge ngajeni awak kita piyambak.

Bunda Lestari Sahsa Malika
040319
040319
Tidak ada komentar:
Posting Komentar