1. omong sak omong
Aja seneng natoni atine liyan
dipikir sadurunge maido
Apa paedahe duweni julukan wong juweh
Pungkasane Malah dadi rerasan
njur kelangan kanca
290917
Aja seneng natoni atine liyan
dipikir sadurunge maido
Apa paedahe duweni julukan wong juweh
Pungkasane Malah dadi rerasan
njur kelangan kanca
290917
2. Kanugrahan iku
Tekane ora kanyana
Ora usah kakehan nggresah
wong nyatane direwangi sambat
Ora ngrubah kahanan
Becike diayahi kanthi lila
290917
Tekane ora kanyana
Ora usah kakehan nggresah
wong nyatane direwangi sambat
Ora ngrubah kahanan
Becike diayahi kanthi lila
290917
3. pikiran aja neka-neka
Siji durung kaleksanan
Katumpa pepinginan liya
ya ing kene iki
samubarang dadi ruwet
Merga digawe dhewe
Sing fokus ya
290917
Siji durung kaleksanan
Katumpa pepinginan liya
ya ing kene iki
samubarang dadi ruwet
Merga digawe dhewe
Sing fokus ya
290917
4. Titikane wong atine resik iku
ora gampang gela
yen ngerti wong liya bahagia
jer wong urip sakderma nglampahi
mugia rahayu sagung dumadi
290917
ora gampang gela
yen ngerti wong liya bahagia
jer wong urip sakderma nglampahi
mugia rahayu sagung dumadi
290917
5. Gurit iku iya padha karo puisi(ind)
Duweni makna endah
Sajroning tembung rinonce
Ora kabeh wong jawa bisa
ning yen gelem sinau ya mesthi bisa
Duweni makna endah
Sajroning tembung rinonce
Ora kabeh wong jawa bisa
ning yen gelem sinau ya mesthi bisa
6. Marang ati sayah
labuh katresnan
Aja pegat pengareb
Mangertiya...
Pancen tresna iku
Krasa endah
Yen bisa Nglewati godha
Pacobane tresna
220917
labuh katresnan
Aja pegat pengareb
Mangertiya...
Pancen tresna iku
Krasa endah
Yen bisa Nglewati godha
Pacobane tresna
220917
7. Ing bedhug ndrandang
kepengin dakrentengi tletik udan
Atus sangisore ron garing
Pucuk pring montang-manting
rasaku tansaya kebanting
Mentiyung...
Nglayung...
kepengin dakrentengi tletik udan
Atus sangisore ron garing
Pucuk pring montang-manting
rasaku tansaya kebanting
Mentiyung...
Nglayung...
8. Saiba becike
Nalika lagi kasinungan begja
Lan kabungahan
tansah eling
Tansah asung syukur
marang kang Peparing
*Gusti kang maha agung
220917
Nalika lagi kasinungan begja
Lan kabungahan
tansah eling
Tansah asung syukur
marang kang Peparing
*Gusti kang maha agung
220917
9. pikiran manungsa
Tansah mobah mosik
Dina iki bisa gething
Durung mesthi Ing tembe
Kepara bisa uga kepranan
Tanpa kanyana
Mula iku becik sing samadya
Tansah mobah mosik
Dina iki bisa gething
Durung mesthi Ing tembe
Kepara bisa uga kepranan
Tanpa kanyana
Mula iku becik sing samadya
10. Lumrahe ing sesrawungan
Sapa wae ora gelem nampa kritik
Ning satemene
panacad iku bisa nglempengake laku
Lan pangalembana njalari klalen
220917
Sapa wae ora gelem nampa kritik
Ning satemene
panacad iku bisa nglempengake laku
Lan pangalembana njalari klalen
220917
Bunda Lestari Sahsa Malika
Alhamdulillah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar