suka duka dadi admin
ing saperangan grup sosmed
kuwi...
kudu jembar samubarange
ya pikire
ya wawasame
ya atine
merga apa?
nalika buka hp
lan data internet taknyalakne
mesthi gemrudug noti
sing kabeh pengin nyambung seduluran,,,,
senajan tautan sing dishare padha kabeh,,
siji tautan disebar ing pirang2 grup
lha ing kene iki
yen admine ora peduli
ora gatek
anggotane bisa mrengguk mutung gela
rumangsa ora diperhatikan
ya senajan mung takbalesi rupa stiker like ...iku wis ndadekake kanca bungah.
tapi wong jenenge aku iki isih menungsa lumrah kadhang ana rasa*waleh uga aras-arasen mbalesi ...je
.
kanggoku hp ora mung kanggo ngrumpi ing grup
iki kae
sing jumlahe sakndayak
guyonan sing kadhang
ora pantes lan ora jumbuh karo yuswane
kirim gambar sing saru
lha piye,,,,jane pengin taktegur ning mengko gek tersinggung ??
guyonanan sing isine mboh,,,ra jelas mung thang thung,,.
wis taksilent ben gak brisik
ning ya padha wae noti tetep nyungul byar byar mlaku terus
.
lha kok gk keluar saka grup wae ta bund?
lha,,,iki lho pitakonan sing angel takwangsuli
aku kuwi ngono sungkan ewuh pekewuh kabeh grup kuwi hubungan ing dunia nyata *plegdhut ,,je heee
.
ning ya kuwi mung mbatin thok saben2 hpku hang mung nggrundhel sithik hiii yongalah Gusti,,,paringa
na kesabaran
hp ku iki ya kanggo urusan iki kae ,,cah
sing mbutuhake koordinasi lewat hp lan data internet.
.
mosok saben online kok keserang atusan chatingan,,hadewww ampun !!!
Durung yen ana sing gegeran semon semon hawane panas dadine
Lha ing kene iki admin kudu bisa ngedhem kahanan.
Ben ora kedlarung dadi panas.
Kudu pinter pinter ngronce ukara.
Merga kabeh iku iya kanca,ora usah pilih-pilih mbelani salah sijine.
Lan pungkase mesthi saka grup
Wah,,,wis bar cuthel yen metu saka grup
πππππ✋✋ππΎππΎππΎπ
πΎee...muga wae atiku iki tansah jembar
bisa ngadhahi maneka rasa ,,,
pancen kanca akeh uga duweni werna-werna karakter ta ya ya?
.
sugeng enjing dulur...
semangat,,!!!
Lestari Sahsa Malika
101117
Tidak ada komentar:
Posting Komentar