Senin, 31 Oktober 2016

LANGIT ISIH BIRU

LANGIT ISIH BIRU



.
kepengin banget takkandhaake
yen saktenane ana ati loro
kang lagi reroncen kembang tresna
kaya endahe ukara-ukara ing puisi
nanging mung kandheg ing jroning dhadha
awit aku ngerti
yen mengkone dalan sing takliwati
ora selawase sejajar
pangerten kang tuwuh saka dina
tansaya rapuh
senajan dalan kang katempuh
datan ana pungkasan
kudu dakselehake
gedhene pangarepan
kabeh wis ginaris gusti
urip kebak dimensi
lan kebak sandi
mugi tansah bisa ngabekti
marang gusti
.
pangangenku nyoba nampa kanyatan
ing kalane dina isih bening
langit isih biru
bakal taksirami kembang sing isih semi
sauger ora nerak bebener ing bebrayan.
.

#lest_sm /18okt14

Minggu, 23 Oktober 2016

SAJIMPIT ANGGIT

SAJIMPIT ANGGIT
.
.

Tak gurit sajimpit anggit
mbokmenawa bisa ngudhari ribet
sing mbundheli ati njalari ruwet
ora tak gagas yen ana mripat kena klilip
njur kemlero wegah madhep
ya wis ben wae ta...
aku nyuntak uneg-uneg
kareben lega apa sing dakrasa
iki sosmed dudu papan pribadi
sapa wae kepareng nyuntak idhe
sauger ora natoni liyan
ora nyendhu golongan
.
lan siji sing mesthi
lak ya ora ngrepoti asta panjenengan ta
yen pengin nulis kados kula nggih sumangga
ora usah ndrmimil rerasan tanpa makna
kok panjenengan sajake gela
sing daktulis iku ya mung pengin kandha
ora kok aku kuwi jumawa
rumangsa pinter lan luwih bisa
ngronce ukara pindha dwija
lan pujangga
ora...
iku kabeh supaya aku luwih waspada
satemene ya mung nuturi awak kula
sokur yen sing ndherek maca
bisa terinspirasi lan nuladha
muga ing wektu sing bakal teka
ora gampang luluh marang sambat ngrerepa
wicara manis winungkus wisa
.
merga ing wektu kawuri
aku ora maelu swaraning ati
aku kurang trawaca ing pandulu
tak anggep wong kabeh iku duweni ati resik
engga ing lumakune dina aku sing kecelik
jebule ora kabeh kanca iku apik
.
daklabuhi nganti nggethu
kanggo sawijining gegayuhan luhur
ora kepetung yatra uga wektu
nyatane kabeh mau palsu
muspraa...
muga wae sing sedya niyat ala
enggal sadhar lan eling
yen tumindake kuwi bisa antuk bebendu
embuh kapan...
wong nandhur mesthi ngundhuh
wis dakpasrahake kabeh marang kang maha kawasa
aku percaya yen Gusti Allah ora sare.....
.
**lsm,240916

ING PUCUK SEPTEMBER

SEPTEMBER
.
Pang -pang kang mangklung
ing dhuwur kali
lan manuk-manuk sliweran
dadi pepaes ing dremejeke idep
nyawurake rasa sing ora kaya padatan
nalika mangsa rendheng sepisan
ngepasi sasi september iki
kledhangmu nuwuhake kapang
senajan wis ganti sasi kaping telu
isih tak anti-anti ing wates pangertenku
mbokmenawa nggawa warta kang takimpi
kangmas...
ing driji iki tansah kaukir asmamu
minangka kalpikaning ati sawiji
Rupa jenar tinali suket teki
taktampa kanthi bungahing ati
Senajan mbisu ning dadi seksi
Nalikane ngiket janji suci
Ati loro dadi siji
.
taktitipake rasa kapang iki
marang gemricik banyu kali
kang tansah setya tuhu datan lali
.
ing gemrisik godhong pring
guritku kala-kala ambyar
katut semilir angin wengi
netesake luh kang tumpangsuh
antarane tatu lan pengkuh
tresna iki jebul mung nipakake sayah....
aku kang kijenan ngronce impen
datan ngerti wayah...
ya mung siji sing dakpuji
muga sliramu tansah rahayu
pinayungan kanugrahaning Gusti
: sesuk,nalika srengenge mesem
muga soroting bisa nrabas atimu,
Ngelingake janji pinatri ing pucuk september
lan engga gumantine sasi isih dak anti ing gisik ati....
.
*lest sm,141016



AKU INGAT

Aku ingat ...
Senja yang merah
saat aku meragu untuk melangkah,
pesona itu datang
memaksa ku untuk memberi ruang
Dalam bingkai indah di hatiku
dan sungguh sebuah nama berhasil masuk dan menguasai ruang itu
Seiring berjalan sang waktu
Saat di antara kita tak sengaja melakukan kesalahan
genderang perang pun meraja
Bahkan tak jarang menyerukan kalimat perrpisahan
kita lupa bahwa tak ada insan yg sempurna
yg selalu bisa menciptakan situasi tenang
dalam taburan senyum
gejolak pun melanda....
terkadang kita terjebak pada situasi
Yang sulit untuk saling mengerti.











MENDHUNG ING CENDHELA

MENDHUNG ING CENDHELA
.
samar katon ing pandulu
langitku kelabur pedhut klawu
esuk iki praupan dadi njenggureng
ora katon sumringah
ngaasi wong-wong pating sliri
mlaku ing sadhuwure bun
kinemulan hawa atis
kaya ana sing digoleki
delengen....
sikil-sikil jumangkah tanpa sayah
napas krenggosan anuju pategalan
apa ta sing digoleki?
datan duweni wektu kanggo sangga wang ...
ngumbar angen
nggambar impen ing sadawane laku
ing kalane kebak reridhu
sesandhungan watu
saka kaca jendhela iki
daksawang selembar godhong gogrok...
kumleyang...
kabuncang...
ing mendhung peteng
nalika mungkasi sasi oktober tahun iki
nanging isih ana siji kembang
nambahi amrik ing panyawang
kang isih.setya kanthil ing gagang
kanthi esem sing siniram cahya
saka ati sing kebak welas asih.
.
**lest sm,okt16



Sabtu, 22 Oktober 2016

ELING LAN WASPADA

ELING LAN WASPADA
.
Wis takngerteni pirang-pirang wadi
kemlebat ing kedhep netra
wis takwaca reroncene ukara
sing asring koksuntak ing nawala
nalika katut semiliring samirana
kumleyang ceblok ing tritis wektu
kang saben-saben nggawa warta saka paran
ngenani suwara kang angrerintih
sambate weteng kang ngelih
uga pambengoke kenya sing kelangan slendhang ing awan drandhang
kemlisiking laron sangisore lampu taman
uga grenenge kembang lan kumbang
nedhenge andum katresnan
ing endahe tegal kasmaran
ngalela tanpa sungkan
.
aku dadi weruh
luh kang sesidheman ing walik esem mu
kejungkel tiba ing jurang kasangsaran
sambat nandhang tatu kelaran
kabeh wis tak tampa kanthi cetha
.
ora ana tedheng aling-aling
ora ana sekat ing antarane wadi
ngenani obahe lathi lan ajining dhiri
.
tuwa lan mudha
priya lan wanita
kagubet ing ilining jaman
internet wis dadi tujuwan
esuk awan nganti bengi wis ora kelingan
kentir sing jeneng internetan
ngesok uneg-uneg tanpa petungan
driji lan pikiran pindha panah
kang bisa mencelat sawayah-wayah
tumancep tanpa alangan
ing kalane bisa gawe bungah
uga bisa njalari ati susah
.
siji sing dadi paugeman
aja nganti lali ing jati dhiri
tansah semendhe marang Gusti
eling lan waspada.
.
**lest sm,201016