Selasa, 09 Februari 2016

GOROH

GOROH
.
.
angin lumaku ngelus angga
hawa atis kang dakrasa
tansaya kedlarung ing panelangsa
.
angen-angen sing daksimpen
dakcenthelake ing ros-rosaning batin
mbaka siji rontok kumleyang
prethel
bareng tumetese luh
mblabar ing nafase dina
.
jumangkah tanpa arah
mung perih sing dakampah
kesandhung ing sepine lurung
tatu iki nyata mbeset ati
kelingan pangucapmu tinali prasetya
sing mbiyen njalari katut ing ibere asmara
ahh...jebule sliramu cidra
gorohmu katon ngegla
jumawa mecah mega
ngrubohake gedhene tresna..
.
**denok ayu,100116

Tidak ada komentar:

Posting Komentar