Ing kene dina iki
ana rasa kang banget bungah
bareng kembang desember
nedhenge mekar bunder
Tekamu nggawa esem kang merak ati
nuwuhake greget ing platarane ati
tansaya sumringah
mecaki dina kebak wadi
nanging sumelange ati
Yen ta kembang wis wanci alum
apa iya kandhamu?
Tansah setya nyirami saben wektu
Kareben tansaya seger angambar wangi
Datan garing kepangan mangsa.?
.
.
Lsm,nov15
Tidak ada komentar:
Posting Komentar