Minggu, 11 November 2018

SEMPYUH

Ati  kepleh
Sempyuh ing ulengan pikir
Ambyar ing kembeng kembeng kaca
Pecah anelah pategaran jiwa
Lemes sakujur anggaku
Sempoyongan tanpa tujuwan
Pindha wit randu getas
Tugel dening angin santer

Thenger thenger tan sulaya
Ngampah tatu jroning dhadha
Ngranggeh sisaning kapitayan
Sing kari satlenik iki...
Bisaa adi kanca sapungkure crita

Bunda Lestari Sahsa Malika
*denok ayu111118

Tidak ada komentar:

Posting Komentar