Sore ing sasi november
Nyawang langit pepaes jingga
Ngegla anyengsemi ati
Mega mega dhedhampyakan
Nggiring surya ing wates cakrawala
Umpama panjenengan ngerti kmas
Ing pucuk sore iki ...
Isih ana ati kang nandhang kapang
Ngudang baline esem kang ngujiwat
Bebarengan ngronce ukara
Ngrakit tembung ing larik larik gurit
Kaya biyen tanpa ana leren ....
Ing angslupe surya iki
Umpama panjenengan ngerti
Ana kutahe luh saka ati sempyuh
Rinasa sayah ing pengarep
Pengangen lebur ana deresing udan
Jebul....sepi iki nyacah manah
Rojah rajeh temahan nglinthing
Kalindhes sepi ing saben wengiku
Bunda Lestari Sahsa Malika
(Denok ayu lestari)
101118
Tidak ada komentar:
Posting Komentar