Dakbukak byak korine ati
ora kanyana bakal temeka
kaya sinambar gelap lepat
iki tenan apa amung ngimpi?
sliramu ngadheg ana ngarebku
kanthi nyunggi katresnan
isih panggah kaya wingi
tanpa owah
ndrodhog jroning dhadha
klelep ing madyaning maduretna
kangmas..
angenku tansah daklarak ana jembare tresnamu
rasa adhem rinengkuh astamu
aku katrem ing soroting sih netramu
wektu tansaya lumaku
taksuwun rasa tresnamu ora kalindhes wektu
senajan tansaya adoh papan dunungmu
senajan aku lan sliramu tangeh bisa nyawiji
engga ing liya wektu
nanging tresna iki
tresna aji lan sejati
bakal takrukti tumekeng janji
#deleg2...
ora kanyana bakal temeka
kaya sinambar gelap lepat
iki tenan apa amung ngimpi?
sliramu ngadheg ana ngarebku
kanthi nyunggi katresnan
isih panggah kaya wingi
tanpa owah
ndrodhog jroning dhadha
klelep ing madyaning maduretna
kangmas..
angenku tansah daklarak ana jembare tresnamu
rasa adhem rinengkuh astamu
aku katrem ing soroting sih netramu
wektu tansaya lumaku
taksuwun rasa tresnamu ora kalindhes wektu
senajan tansaya adoh papan dunungmu
senajan aku lan sliramu tangeh bisa nyawiji
engga ing liya wektu
nanging tresna iki
tresna aji lan sejati
bakal takrukti tumekeng janji
#deleg2...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar