anakku bocah bagus..
sesuk mbokmenawa isih ana udan
lungamu takkanti payung iki
payung werna biru
gambar godhong waru
supaya lakumu ora mandheg mangu
uga ora teles sakujur anggamu
sesuk mbokmenawa isih udan
gawanen payung iki
supaya jangkahmu tansah anteng
ora miyar-miyur
keterak ketere angin
senajan angin gedhe
gludhug lan thathit
prasasat nyigar bantala
bocah bagus...
pun ibu amung bisa paring dunga pamuji
muga slamet.lakumu temeka kang jinangka
umpama ibu bisa buntel gludhug lan thathit
kadya ki ageng sela
bakal taksidem sauntara wektu
supaya sadawane mecaki udan
lakumu tansah anteng
lan kowe bisa sinambi nembang
nalika playon ing deresing udan
nanging tetepa ngati-ati
aja ninggal kaprayitnan
nalika lumaku
ing dalan lunyu
iki payung gambar godhong waru
minangka sangu saka ibu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar