Jumat, 27 Juni 2014

Racikan Bedak Jerawat

Bahan:
2 ruas temu giring
2 ruas kunyit
1 butir jebuk sari
1 buah kulit jeruk purut
Khasiat:
Temugiring dalam ramuan ini berguna untuk menghaluskan kulit, sedangkan kunyit kerap dipakai sebagai bahan kosmetik. Jebuk sari berkhasiat antikuman, dan kulit jeruk untuk membersihkan kulit.
Cara Membuat:
Kupas semua bahan dan cuci bersih. Lalu tumbuk semua bahan hingga halus. Pulung tanaman tsb, menjadi beberapa butir dan jemur hingga kering betul. Setelah itu, ambil 1 butir bedak jerawat, beri sedikit air dan usapkan ke wajah. Biarkan beberapa waktu, setelah kering, cuci wajah anda dengan air hangat.

Ma'na Cinta

terkadang kita merasakan badan kurang fit dan sakit seluruh sendi2 tubuh
agar kita bisa menghargai betapa berartinya kondisi tubuh.selagi sehat

begitupun dng cinta terkadang
ada rsa kecewa dan sakit hati
agar kita tahu seberapa besar magna cinta sejati

#lest_sm



GURIT IBU PERTIWI

sunaring sang pradanggapati
tansaya angslup
ceceketan hancala
ing sisih pracima
bebarengan sunar candkik ala
kang manda-manda jingga
surup wis wanci ngegla
sinareng lembut pawana ngidid

saka ati sepi
lamat-lamat karengu
swaraning tembang edi

kidung ibu pertiwi
kang ngelus ngerih ati

ibu pertiwi
paring boga lan sandhang
kang murakabi
peparing rejeki
manungsa kang bekti
ibu pertiwi
ibu pertiwi
sih sutrisna mring sesami

ibu pertiwi
kang adil luhuring budi

ayo sungkem mring ibu pertiwi

kidung kang bisa nuwuhake greget
pinangka pisungsung pamuji

nanging ati iki miris
yen andulu ibu pertiwi nandhang dhuhkita
bumi iki lagi lara ati

nyawang polah manungsa
lelumban nuruti ardaning dhiri

adol lamis



ING PUCUK SORE

Ing walik cakrawala
Nalika mega-mega nggirng angslupe bagaskara

dakrone angen-angen

ing walik cakrawala
Nalika mega-mega nggiring angslupe bagaskara

ngenut sumiliring angin
nalika aksara amung kandheg ana larikaning gurit 
tanpa swara

ing pucuk sore
pengin takudal sakehing crita
saka ati kang semplah
kareben bisa ambyar 
kutah ing pelataran.ati

aku wis sumeleh 
ngenggar-enggar pangrasa
saka kanyatan 
kang ora takngerteni

atiku tansaya rengu
sinambi nyawang langit werna klawu

ya ben wae
ati iki sepi

ya ben wae 
ati iki garing

ya ben wae
ati iki nglinthing

sepi lan sepi
kalindhes katreming wengi.

#lest_sm.jun14



PRING ORI PINGGIR KALI

11 Oktober 2013 pukul 10:36

semilir angin ketiga ngelus ros-rosaning suksma

hawa panas ndepani bantala

nanging ora ateges jroning dhadha nyimpen wawa

amerga tansah cinawis segere banyu tawa

sing taktawu saka bening banyu kali

kang mili gemricik sakuruting rina lan wengi

ing papan kene akeh pangimpen edi

rinonce arum pindha kembang melathi

biyen ora kendhat gawe tentremíng ati

nalìka bapak ìbu uga sì adi

tansah kekidungan gitaning atí

omah ceklì pinggir kali
saben napaki ari takulati

sakehing gambar kang tumantul peni

kanggo nglelipur manah kang sawetara sayah

saka landheping margi panguripan

senajan wis taklempit-lempit jroning ati

padhatan isih pecah
ambyar nganti sumebyar
anjalari pedhut peteng
angendhanu sadawane selendhang ungu

lumantar prau godhong pring iki

dakkèntèrake panggresahe ati

nalika lungguh ana ngisor pring ori
dakselehake sayahing ati

kabeh lelakon urip iku pepesthi saka gusti

kang kudu takprangguli
ora bisa takselaki

aku ngerti gusti ALLAH ora keliru andum pesthi

marang sedaya titah íng saklumahe bumi

srengenge wis angslup ana gisiking mega

dakpungkasi ibere angen-angen tanpa wangen

ing pèreng tyas rinasa adhem

pancen urip kudu ngugemi kodrating gusti

muga-muga enggal purna pangastuti

kaya candhikala prapta

enggar-enggar ngudhari rasa
pisungsung tataning nala

nyuwun pepadhang nur gusti kang maha suci.


Catatan : nalika sepi lungguh ngisor prìng pinggir kali,. okt/13k 

GRIMIS ESUK ING SASI DESEMBER

31 Desember 2013 pukul 10:12

Taktulis larik-larik aksara
ing saklumahe pedhut esuk

nalika samirana mrambat ngelus pelataran ati

kuwawa ngirim suwara samun mlintir pangrasa

grimis ngriwis miyak sepine ati

marang mendung taktitipke sagegem aksara dhuhkitaning nala

grimis esuk iki kaya ngekep eseme bagaskara

tumempuh Semilir angin ngosak-asik pelataran jiwa

kala-kala ngrontogake kudhup melathi
sing wingi bengi dadi panglipuring ati

jroning rasa wis kebacut teles
saka eluh kang kutah
tumpang suh ing deresing banyu udan

aku mung bisa meneng
njegreg tidhem..
Nglaras tumiyubing angin nunjem dhadha

sinambi ngekep rasa panelangsa
tanpa umpama

amung jroning gurit iki
daktulis suwaraning ati
lerem jroning warangkaning gatra lan ukara

dakajab ngiring jangkahku mecaki dina-dina ing ngarep

jebule abot lelakon urip kang lagi takprangguli

rasa sumendhal ing pereng napas
nginggati anggit kang siningit..

dhuh Bapak ..ibu
Marang riwis udan dakudal kapang kang suwe kapendhem

mendung ing pucuk desember
nggambar perih tinatah abang njarem ing kalbu

bebasan mung kadya rembulan sing nglari playune lintang

daksawang ing tawang amung peteng sinawuran tetesing grimis ngriwis

ing selane udan tanpa leren daksebut asmamu
Dhuh bapak .. Ibu ..
kaya-kaya wis garing waspak iki.

Marang lengkung kluwung nggurit panjeriting ati

mugi gusti paring margi jembar lan padhang
mapan ing swarganing gusti

dakkirim payung gambar kembang melati

lebur ing gurite gusti kang maha siji lan suci.

NALIKA REMBULAN LUNGGUH ING PUCUK PAPRINGAN

7 Maret 2013 pukul 8:06

Sedih cumondok ana galih 

getere kalbu nggubel laku
 
rasa rengu angendanu
 
ngrerujit jroning pangrasaku
 

pangangen nglangut
 
tumangsang ing srengenge kang angslup
 

manuk podhang seliweran
 
cemolotan ing wit-witan
 

candikala nggawa panelangsa
 

wengi wis tumeka
 
nyangking endahe cakrawala
 

katon melik-melik abyore lintang
 
pating kerlip ngayahi gati
 

urube konang uber-uberan
 
nambahi rasa ati ora karuan
 
wengi iki kaya ora padhatan
 

aku wedi..
 

ngadhepi wengi kang kijenan
 
ngenam sayuta pangimpen
 

rembulan lungguh ing pucuk papringan
 

cahyane montang-manting
 
ing tumiyube angin
 

ing kana pengangenku nglambrang
 

nglaras kidunge ati
 
angayut gitaning ratri
 

sepi mamring..
 

sepi sepa maesi nala
 
satemah angrerujit pangrasa
 
pindha bantala rengka
 

nganti-anti tumetesing embun
 
kuwawa nelesi sesambate ati
 

wengi tansaya wingit
 
sesingidan ing suksma kang ngulandara
 

ing sprene isih nyidham tumurune tletik banyu udan
 

ah...ing wengi iki
 
mung bisa lelumban ing beninge banyu netra
 

jangkahku tansaya lungkrah
 

anggonku lumaku ora mantep
 
sakujur anggaku wis sayah
 

ana endi sejatining ilmu kang bisa dadi panuntune ati
 

tumuju mulyaning bebrayan
 
kang kebak pengareb-areb
 

tan kendhat anggonku memuji
 

manembah satuhu ing ngarsane gusti kang maha suci
 

mugi gusti tansah amberkahi
 
ing siyang lan ratri...amin
 

.maret13@LSM