Jumat, 28 Agustus 2020

REKMA MALIH RUPA (Lestari Sahsa Malika)

REKMA MALIH RUPA

Esem pucet tan bisa kapaeka
 
Sakehing pralampita tharik-tharik 
Rinoncen kembange rasa
Ana pesen sinandhi ing kaca pangilon  
Daksawang kanthi permati
Ing pilingan kiwa tengen
Ora dakselaki wis ana tengara kang kudu daktampa
Ana rekma sing malih rupa
Mrapak tan bisa kasingitake
 
Anteng kitiran obahe pikiran
Mburu wektu nguber gebyare Donya 

panjangkah mung nipakake ampang
Kekendhangan angin kalungse
Kamangka lakune srengenge tansaya nyedhaki surup dalu
Njur apa sing kudu  dakgawa bali?

Gegetunan mung nggedhekake sanggan jroning jiwa
Tansaya ringkih mung bisa sumendhe mring Gusti...
Muga ing langit sore manda jingga iki 
isih ana papan palereman kang bisa ngedhemake jiwa..🤲 
Lestari Sahsa Malika ❤️

Sabtu, 01 Agustus 2020

TATU IKI

Reroncen kidung ati
kumlisiking kapang tetabuhan jroning dhadha 
Sesriwetan binarung santering  samirana 
Ing pungkasing sasi juli 

Tembang kapang angewuwung 
Ning ya mung krasa ampang  
Pindha wohing randhu sesondheran ing pang garing
 
Pokak ora kuwawa nyangga pangoyake kahanan
mbokmenawa iki tengara 
Marang ati alit iki

kapuk-kapuk mumbul 
ngawiyat tanpa juntrungan

Tembung memanis satemah mung lamis

Nadyan mangsa wis gilir gumanti 
Kudune aku bisa lali...
Ning yagene tatu Iki 
tansaya igit-igit ati.

Bunda Lestari Sahsa Malika