Jumat, 19 Juni 2020

TIPAK JANGKAH

Tipak-tipak jangkah  
dadi tenger anggonku mecaki lurung panguripan
Wis ora kepetung anggonku niba tangi 
Senajan gobrah 
isih saguh ngetutke jangkah

Pindha peksi miber dhuwur
tumeka endi bakal ngupadi pang palereman driya 
Kekiteran tanpa leren 
kekidungan wiramaning tresna 

Ora dakgetuni sakehing tatu gemrajage luh
Kabeh iki lelakon sing kudu daksa ngga
kanthi Lila

Srengenge sing manther kae
wis aweh tuladha
Senajan nate kesaput mendhung peteng 
Isih saguh sumunar 
Lan ora nate cidra
Apa meneh sulaya

Ing wening tulusing manah
Dakdhedher winih pangarep-arep

Mugya tuwuh ngrembaka 
Manjila papan reja 
dadi palereman bawera
Aamin 🤲♥️
*Klik✓ 
sore Iki ing plataran 💃