NGUNGAK ENGGAK-ENGGOKING PANGURIPAN
ING SAJADAH TUWA
Tumangkare pengarang lan panggurit sastra Jawa tansaya tuwuh ngrembaka, katitik saka akehe buku sing kababar nadyan kudu dibandhani dhewe. Kanyatan iki tamtu gawe bungah donyaning sastra Jawa sing asring diparibasani kaya kayu ingas, suket dom-doman sing angel tangkar-tumangkare, jaragan sanak kadang wis akeh sing ora nggape.
Mbiwarakake karya-karya kanthi mbabar dadi buku mujudake salah siji pambudidaya ngleluri basa lan sastra Jawa lintas generasi. Nalika pengarang lan panggurit kawakan isih kasdu nyerat kanthi produktif, dadi pangatag marang pengarang anyar tansaya semangat lan ngundhakake kreativitase.
Antologi geguritan kanthi irah-irahan Ing Sajadah Tuwa karya pengarang wanita Lestari Sahha Malika, iki nyethakake yen sastra Jawa isih ditresnani lan digandrungi pandhemene. Isih urip sempulur nadyan gilir gumanti generasi lan mobah mosiking jaman kelakone.
Kaya sing diandharake dhewe dening pangripta:”Ing sakawit mung kepengin nyuntak rerasan batin kang asring nggubel ing lumakune wektu.Nanging saya suwe tuwuh rasa tresna marang endahing sastra Jawa. Banjur kepengin melu udhu senajan mung saklungsu, melu nguri uri endahe sastra Jawa, mligine ing jagading geguritan...”
Ing kembang setaman iki, Lestari Sahsa Malika sing sesingidan suwaliking jeneng Denok Ayu Lestari, walaka yen isih sinau nulis geguritan senajan sadurunge terbite buku iki wis nate mbabar karya-karya liyane. Diwiwiti saka nulis ing media sosial maneka platform lan ngupakara blog sing diduweni.
Kumpulan geguritan kanthi irah-irahan Ing Sajadah Tuwa sing kapethik saka salah siji judhul iki ngemu pralampita ngenani enggak-enggoking laku-lelakone manungsa.
Ngungak saka maneka perspektif (cara pandang), ngenani pitutur luhur laku utama (pendidikan), kritik sosial, rasa sengsem (katresnan) tumekeng laku rokhani panembahing Gustigung (religius).
Panggurit nyawang kanyatan ngaurip mau ora winates nganggo pamawas lair kewala, suprandene luwih saka iku kabeh laku-lelakon diwaca kanthi mata batin menebing jiwa.
Kanthi pralambang sajadah tuwa, lire anggone ngrapal maca laku bebrayan kanthi wola-wali kebak pengalaman nganti lembar – panguripan - sing disujudi ora anyar maneh.
Kadidene biyung ing kulawarga lan jejer dwija ing tataran Pendidikan Anak Usia Dini (PAUD) sing padatan sabar lan tlaten, panggurit katon yen wicaksana asung pitutur luhur (edukasi) marang putra muride. Kaya sinawung ing salah siji geguritan: "Gurit Kanggo Cah Ayu”. Suka pitutur yen urip iku ana kalane susah lan bungah. Bebrayan iku pandadaran kanthi maneka pepalang, manungsa kudu sinau marang kanyatan
..../ngelia kanthi anteng/rasakna adheme banyu
lan landhepe watu-watu
ing kono sliramu bisa sinau...//
Wasita adi sing sinamar ing : “Gurit Kanggo Denok Ayu” kadidene pangajab sinandhi marang geganthilaning ati
.Dhuh..Denok wong ayu
aja banget olehmu kleleb ing panggresah
eman yen rasamu tansaya alum
rojah-rajeh pindha klasa pandhan/kelangan endahe pangenam/mesema.../ mesema..
Wis ya cup menenga
kae lho ing tritis esuk
kembange mawar mesem
mbarengi sumunaring bagaskar
andum cahya tanpa sulaya
enggal usapana luhmu
lir gumantine dina
mbokmenawa enggal ana tamba/
Piwulanng becik pitutur luhur sing lumrah diperdi dening para sesepuh ing kawuri isih dibaleni maneh dening pangripa ing geguritan:”Ati Sing Tatag”
Ing donya iki
prakara susah lan bungah/wis dadi sandhangane ngauri
tetepa duweni kateguhan iman
lelakon wingi
sing ora nyenengake
bisaa dadi pangilon/mecaki dalane urip
sing ora selawase lempeng/
akeh enggok-enggoka
/tetep ngati-ati lan waspada.
Lumantar 116 irah-irahan geguritan datan katalompen pangripta uga medar rasa pangrasa liwat kritik sosial sing diprangguli ing madyaning bebrayan. Kanthi geguritan “Akeh Wong Lamis”..
Lamis dadi sandhangan sesrawunga
kaya wis lumrah
jroning kekancan
akeh wong seneng lelamisan...
Wong sing apik dadi ketampik
wong atine ala malah ketampa
mbokmenawa jamane wis tuwa
Angel mbedaake sing lurus lan sing mung apus-apu/
Ora mung bebrayan nyata, nanging uga nyentil donyaning virtual. Jagat maya lan era digital sing nglairake generasi milenial.
Kabeh sarwa nglegena tanpa tedheng aling-aling ing “Gebyok Kaca”.
Sesrawungan ing jagad maya
pindha mapan ing sajroning omah
kang wis ora duweni senthong
tanpa tedheng aling-aling
kanggo ndhelikake apa wae
kabeh sarwa trawaca/lan cetha wela-wela
Ora ana papan nyimpen wadi
lan sisik melik
jalaran saka gebyok kaca bening iki
lathi wis dadi mripat
mripat wis dadi kuping
ala lan becik
ngawe-awe tanpa sungkan.
Thema liyane sing dadi kawigaten lan ngosikakake batine penulis gegayutan karo katresnan lan rasa sengsem. Ginambarake lumantar irah-irahan “Ing Pucuk Sore”.
Sore ing sasi nopember
kebak kaendahan kapaes ing langit manda jingga
katon ngegla anyengsemi ati
mega-mega dhedhampyakan
nggiring surya ing wates cakrawala
Gupitasari kanthi surasa saemper rinumpaka ing geguritan: Krudhung Ungu, Pesisir Kambang Putih, Pungkasane Mung Sepi, Isih Ana Tatu, Wirang Rasa, Gurit Sore, Aku Pamit, Payung Abang Jambon, Kidung Kangen, Taman Asri, Lelakon Lawas, Ing Gisik Samodra, Ing Tritis Dalu, Wengi Klawu, Sekar anggrek, Edining Sastra Jawi, Kembang Kanthil, Sempyuh, Abyoring kayun, lan liya-liyane.
Wanita kanthi hijab sing manekung ing pangibadah minangka muslimah iki datan katalompen ngerek gegayuhan luhur lan kapiadreng cecedhakan karo Gustine, kanthi sesambungan jiwa transenden ing “Gegayuhan Luhur”
Marang rembulan kang kekencar
daksilih sabarmu ngiringi lakuku
engga ing titi wanci mengkone
bisa tak petik lintang-lintang saka sisihmu
kang tak gambar peni rina lan wengi
muga bisa kasembadan lintang kae ana ing pangkonku.
Sesambungan marang Gustine kanthi hablum minallah kababar ing geguritan: “Ing Sajadah Tuwa”.kang pinilih dadi irah-irahane Kembang Setaman Geguritan iki.
Ing sajadah tuwa iki
daksuntak sekabehing panggresah
sing nggubel jroning manah
mbedhoyot dadi sangganing jiwa
aku kang sasuwene jumawa ing pangrasa
rinasa kebak rereged/burem adoh saka cahyaMU
Ing sajadah tuwa iki
dakluru sih welasing Gusti
binarung ilining luh
semendhe marang kapitayan
sing kari satlenik
kacicir ing lurung wektu//
Cathetan wigati sing perlu dakaturake ing kene, yaiku karya-karya sing sumawur ing antologi iki tinulis dening pangriptane kanthi tembung-tembung prasaja. Senajan akeh enggak-enggoking ukara nanging yen disawang lan dirasa katon mili kumricik kanthi wirama nengsemake.
Kairing owah gingsire kahanan ora aeng yen ing kana kene mendhak-mendhukule geguritane srikandhi Bojonegoro iki ketrocohan tembung dialek lokal lan tembung thukulan jaman milenial. Kabeh mau ora ndadekake saru nanging malah mantesi, krana basa lan sastra kuwi dinamis.
Ing Sajadah Tuwa iki terwaca yen penulis ora mung winates dolanan tembung-tembung endah ing alam imajinasi. Ora mung nyediyani panggung estetis, romantis, populis nanging uga realis. Ngombyongi pemanggihe Subcomandante Marcos, yen kanthi tembung lan ukara bisa kanggo panglenggana ndandani laku dhiri. Ing kene sedulur Lestari Sahsa Malika mawas dhiri "Jroning Sepi":
Nanging ora....
iki mbokmenawa wae mung aku dhewe
sing gedhe rumangsa
senajan critaku lan critamu
deres gumrajag ing sangisore pengarep.
Laire pengarang wanita anyar kayadene Lestari Sahsa Malika iki wigati diapresiasi jalaran bisa ngrenggani regenging tamansari kreativitas lan destinasi sastra Jawa sing diajab mangurahsari ledhung-ledhung ing delanggung kasusastran modern.
Sawuse maca geguritan Ing Sajadah Tuwa iki, mbokmenawa ana pitakon kanggo mbukak misteri yagene Lestari Sahsa Malika sing tansah gumbira, seneng gojeg lan geguyonan bisa nyerat karya serius lan melankolis? Butuh filsafat hermeneutika kanggo slulup ngaweruhi kanthi konkrit lan historis lumantar teks lan sesambungan enggak-enggoking pengalaman uripe panggurit.
Mangkono atur sapala sing bisa dakaturake. Muga muga laire antologi iki bisa nuwuh ngrembakake reriptan awujud buku. Kanthi setiyar lan donga raharja istingarah jumbuh sing arsa ginayuh sembada sing wus sinedya wusana sastra Jawa tetep manjila.
Sumangga, sugeng maos lan dipunresepi. Nuwun
Gajah Indah Village,
5 Februari 2020
(10 Jumadilakir Taun Wawu 1953)
Nono Warnono
Tidak ada komentar:
Posting Komentar