Minggu, 14 Agustus 2016

ING TELAGA TRESNA .

ING TELAGA TRESNA
.
.
Ing esuk iki krasa angin kumlebat
ngelus kulit ari tembus jroning ati
ngobahake gegodhongan lan tekad
sinareng angete esem srengenge
ing lurung sing isih teles
miyaki sisa grimis wanci wengi
isih dakpecaki sauruting telaga wening
banyu kang alerap tansaya ngawe -awe
tansaya gumregah jangkahku
kaya ana sing mbage tekaku
senajan kembang suket isih njekethet..
mripat isih arip...
aku wis ana kene
Kinemulan pedhut atis
ora ndak rasa
Merga gedhene Kapang mring kasulistyanmu
Mencorong kapradha emas
dhuh...mbok aja mbebeda ati
leganana aku kang nyunggi kapang
.
delengen iki...
wiwit sepretelon wengi
wis dak antu nganti ora eling wektu
enggal teka yaa..
senajan mripat-mripat kae
mbalang sujana ing landhepe panggrahita
aku ora kedher
isih panggah kejer
aku ora predhuli
ora jinja lan mangu-mangu
mangertenana....
sadurunge aku jejeg ing pinggir telaga
aku wis nggembol sangu
dakkukuhi kanthi keket
aja nganti mbrojol ilang
kang tinali ing rajah tangan
minangka peparing saka kanjeng ratu
ratu sekabehing ratu
yaiku Gusti kang maha agung
.
yagene sliramu alelewa
nyedhaka mring aku
sapetemon iki wis dakgadhang
aja gawe atiku poyang-payingan
saka lebeting ati kang tulus
daksuwun kanthi lila
Kene-kene lungguh ing pangkonku
aku kang kajiret  geter rasa
dakukir asmamu ing pinggir telaga
Daksayang nganti nyawa pisah ing raga
Aku kang nandhang kapang....
.
**ngadiluhur,150816