Selasa, 02 Desember 2014

TINULIS EDI


wis dakcathet ing
telenging ati
nalika angin ketiga
sumilir
ngronce impen-impen
tanpa tepi
esemmu sing ngujiwat
anjalari rasaku kadya klelep ing segara
madu
prasetyamu wis taktulis
edi
muga selawase ora cidra
ing janji.

 Bojonegoro, 23 September 2013

DALAN BENER

wiwit sikil jumangkah
kudu maca bismillah
sadawane dalan
akeh sandhungan
iku wis dadi sandhangan
urip pancen
kebak pacoban
sing wigati kudu pinter
milih dalan
aja nganti nerak
paugeran
eling tansah eling
marang dhawuhe gusti pangeran.


Bojonegoro, 02 Maret 2012