Rabu, 17 September 2014

KEMBANG PIKIR

tumetesing banyu luh
mili sauruting pipi

nalika atiku kasempyok sepi

taketung prenthuling banyu
kang mrintis ing kaca jendhela
nambahi kekesing ati

wis takcoba mbusek asmamu
saka kanyatan dina-dinaku
nanging tansaya amber banyu
kang kutah ing kalbu

tresna kang mbokicir
anjalari atiku tansah
klelep lan kentir

kebacut semi lan trubus
dadi kembange pikir

nanging yagene sliramu
tega ninggalake aku
tanpa ngerti
kapan bisa bali nyawiji.



#lest_sm/18sept14

Selasa, 16 September 2014

TUGU BIRU


sing mapan ing pang garing
iku saugel rasaku
nalika tugel dening landhep
eri tanjang
sing nunjem kalbu
nalika biyen methik kembang
ing pinggir jurang
aku lan sliramu gegandhengan
nasak wengi
ngudhang endahe rembulan

aahh...saiki kari kenangan

senajan saiki wis kalungse
nanging ing kono
wis taktulis nganggo mangsi
saka deresing banyu luhku
kinemulan mega ireng
dadi tugu rupa biru
kang kebacut mbisu.





#lest_sm/16sept14

KANGGO ATIKU


dhuh ati..
aja kebacut ginulung luh
coba sawangen kae
rembulane ngawe-awe
nggawa warta anyar

nyebar esem kang kencar

mbukak lawang wela-wela megar

wis cup menenga
usapana luh kang demleweran

aja lara ati
yen wengi iki 
impen-impen sing edi
wis ora mranani ati

wis cup menenga..dhuh ati.



#lest_sm/17sept14


UDAN RIWIS-RIWIS


daktulis gurit iki
nalika wengi kang atis
mbarengi udan riwis-riwis

swara jangkrik
tansaya gawe tintrim
kaya wirama tanpa melodhi

atiku lan atimu
sesandhingan
cecaturan
bab apa wae ing kaca maya

pasuryanmu kebak panelangsa
netramu ana dhuhkita
yagene kudu teka
yen ta nipakake lara

pancen iki dudu tresna
kaya tresnane rama lan shinta

winungkus edi
ing telenging ati
ora ana sing mangerteni

dakgurit endah jenengmu
senajan saben-saben takusapi
kutahe luh ing pipi

pancen tresna iku ora mesthi
melu nduweni.



#lest_sm/16sept14



KAPANG

ngentha impen-impen
mung kandheg ing pengangen
kumlebat ngleyang
kaya kabuncang
tanpa wewayangan

ing pang-pang mega
taktitipake panandhang

isih ana rasa kapang
sing banget mbranang.