Jumat, 13 Desember 2019

VISI LAN MISI SENENG NULIS *LESTARI SAHSA MALIKA

VISI LAN MISI :

Ing sakawit mung kepengin nyuntak rerasan batin kang asring nggubel ing  lumakune wektu.
Tansaya dangu tuwuh rasa Tresna mring endahing sastra jawi.
Njur kepengin NDHEREK UDHU SENAJAN SAKLUNGSU
nguri-uri endahi sastra Jawi mliginipun geguritan.
Kanthi nyuntak lan Ngobahake krenteg jroning batin senajan taksih Dhapuk ajar.
Tembung-tembung sing daktulis nganggo basa Jawa rupa gurit lan maneka sangu leladi kang dakjejer ing sosmed lan buku-buku dhokumentasi pribadi.

Gurit Kula Kanthi irah-irahan
"ING SAJADAH TUWA"
nate dipun damel kegiatan lomba dening siswa -siswi SMP sekabupaten Bojonegoro Minangka gurit wajib.
Kajaba niku Uga Kanthi judhul ingkang sami dipun visualake ing Chanel YouTube mahasiswa pgsd unmuh Malang 

Muga wae bisa nuwuhake inspirasi lan nggugah semangat para pemaos.

senajan durung kagolong seratan utawi karya ingkang mentes (bermutu)
Sakawit amung kepengin nglipur ati lan luru maremeng ati.

tema sing daktulis maneka warna saka rerasan batin lan
imajinasi sing ora kocap ing kasunyatan.

mesthi wae karya seratan kula dereng kagolong sae lan lungit .
Saran ugi panyeda (kritik) lan panyaruwe tansah Kula rantu.

Muga-muga ora nuwuhake rasa cuwa tumrap para pemaos 

Lestari Sahsa Malika
(Denok ayu lestari)

Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar