[30/8 10.35] Lestari Sahsa Malika:
KESAGUHAN ATI
ki gurit sing dakkirim lumantar e-mail
Saka adrenging pepinginan ngrakit memitran
Wacanen ing taman ajar gurit kanthi rena ing rasa
senajan amung rupa tembung ampang tanpa isi
Nanging takundhuh saka dhuwure anggit
Pindha ngranggeh rembulan wanci dalu
Betheke mung nyuwun satlenik sunare
Dimen madhangi margi anuju laladan kene
Nglewati praupan lan netra kebak pitakonan?
Kanthi mlipir-mlipir daksengkut jangkahku
Saka wiwitan wis maca bismillah
Daktulis reroncen ukara kang makantar
Ing watu-watu taman kang asri
Senajan panggrahita durung entha
Ning Kesaguhan ati iki wis nuntun driji kudu bisa?
Ngungkal pakerti lelandhesan greged
Muga wae ing kene daktemu weninging rasa
Bebarengan njaga endahing sastra jawa
Dimen tansaya ngrembuyung lan ngrembaka.
[30/8 15.33] Lestari Sahsa Malika:
KIDUNG KANGEN
Semilir angin anelah sepi
Deleg-deleg kijenan ing pereng rasa
Ngudari reribeting nala
Swaraning ati dumeling
Kelingan panjenengan ing Tebih paran
Yagene saiki ilang tanpa warta?
Kidung kangen sing dakronce
Amung dadi panglipur ati cuwa
Kaya lintang panjer rina
Wewayanganmu manter ing punjering sukma
Ing kene isih dakantu tekamu tanpa ngerti wayah
Esemmu kang ngujiwat
Tansah Dremejeg ing larikan idep
Prasasat cahya semburat ing langit ati
Nuwuhake pepadhang ing jiwa
Marang ati kang nandhang kapang
Pengangen nganti konjem
Nggagas panandhanging jiwa
Apa iki dayane ati kapang?
Marang sorot netra kang merak ati
Pindha Keli ing tlaganing madu retna
Kebak sih palereman ing rasa
Aku ora bisa selak marang rasa iki
Solah bawa tan ginawe nglegganaing ati
Tansah Sesonderan ing gisik kalbu
Kangmas....gedhe pangarep-arepku
Senajan mung bisa sapetemon jroning impen
Iki lho...gelang alit mripat biru
Isih kumanthil ing drijiku jare tandha tresnamu💕
[30/8 15.41] Lestari Sahsa Malika
GURIT PITAKONAN
Sisih etan regejegan
Sisih kulon pating bleber
Endi papan padha umeg
Mbuh apa sing dirembug?
Angin sumilir nyangking warta
Njur taksawang langit ndesaku
Ing sela-sela mega dakcantelake gurit pitakonan
Ing Ketiga dawa akeh lemah sawah nela
Hawa panas sumelet nembus dhadha
Ujaring kandha
jare wis lumrah lan dudu wadi maneh
Sapa wae dikeparengake nyuwara
Pambengoke nganti njebolna rasa
Wis ambrol ngebaki dalan-dalan
Manjila watu-watu lancip kang mbilaheni
Samangsa bisa natoni sapa wae sing teka
Suket teki ora kober semi
Ing sangisore sikil kedhungsangan
Jalaran batin lan pikir wis umub
Ngetut laku kang kasurung gedhene ambisi
Wis enggal padha lereme sauntara
Enggal asoh salira ing wening rasa
Donya mono pancen akeh wong pinter
Ning mbokya sing eling
Aja seneng nerak angger-angger
Apa wis padha nyingkur ing bebener ?
Apa ya amung winates ing endahe pitutur
Lamun ing kanyatan padha keblinger?
[30/8 16.07] Lestari Sahsa Malika:
DAHANA ING DHADHA
Mecaki lurung wektu
Mangsa katiga ngerak
Anane mung panas ngalad-alad
Urubing dahana mapan ing dhadha
Tansaya mbulat-bulat Ngegla ing netra
Lan obahing lathi tan bisa sinaring
Sawayah Ngobong alusing budi pakerti
Lali marang luhuring jati dhiri
Lumantar Reroncen kembang pikir
Mbaka siji daktlateni
Mring jembaring tawang
Lilanana aku methik mega kae
Dhampyak-dhampyak ing langit biru
Rupa putih rinengga angsluping surya
Amrih bisa aweh Suluh mring ati alit
Senajan Ing kalane mendrip-mendrip
Keterak tumiyubing samirana kang santer
Tansah Dakramut kanthi sagegem kapitayan
Amrih sumunar ing obahe jaman
Kandhamu....
Ilining jaman kemajuan
Akeh sing wis kelangan Edining pakerti
Akeh wong pinter malah keblinger
Tanpa mikir yen ing tembe nemahi wirang rasa
Butuhe uripe mulya kinemulan bandha donya
Kamangka samubarang laku kudu ing dalan bener.
[30/8 16.20] Lestari Sahsa Malika:
KALUHURAN PAKERTI
Manungsa iku kejaba wujud badan wadhag
Uga duweni pancadriya lan osiking ati
Kabeh mau kudu bisa kompromi kanthi apik
Murih ginayuh karahayuning urip
Polah lan tingkah nut swara ati nurani
Aja nganti laku ngiwa padhatan iku kliru
Mula penting banget bisa ngrungokake osiking ati
Guneman sethithik saperlune wae
Ora usah meksa kaanggep pinter
Samubarang dadi omongan lir tong kosong
Becike nengenake kaluhuran pakerti
iku kang tumrape urip bebrayan
bisa aweh katentreman lan rasa adhem
kang gedhe tumrap wong sing gelem mikir
Omong sakecap tembung saklemah
Kudu dipikir dhisik sadurunge kawetu
Awit yen mung kadereng rasa serik
Lan panase ati kang kebrongot nesu
Bisa nuwuhake katiwasan kang drawasi
Gedhene bisa getun keduwung
Pungkasane ngrubedha katentreman batin
merga keprucut omong sing ora patut
Sanalika pancen bisa aweh pamarem
Jroning ati kang lagi srengen
Bisa nguntapake dayaning hawa nafsu
Marang wong sing dianggep gawe gela
Nanging samangsa lerem atine
Bakal getun lan balik nutuh marang dhiri pribadhi
Yen satemene mung mbuwang energi
Kang Tanpa ana gunane..
[30/8 16.39] Lestari Sahsa Malika:
JAMAN KEMAJUAN
Mripat-mripat pating plirik
Apa padha ngupadi sisik melik?
Ora preduli sinempyok bledhug panas
Nempes ing sakujur angga
isih adreng ngoyak tujuwan
Rasa pangrasa malih atos
Tanpa tedheng aling aling
Ing endi papan
Ing endi wayah
Keprungu umeg regejegan
Rerembug saru
Adu argumentasi
Datan ana pungkase
Horeg padha sesumbar
njalari girising ati
urip iku peparing adi
Ing alam bebrayan iki
Samubarang bisa lumaku kanthi becik
Amerga ana tatanan lan paugeran
Kang dadi pedhoman ngaurip.
Duweni tekad lan sesanti kang luhur
Iku apik lan dikeparengake
Uga Tansah sengkut ngisi obahe jaman
Sinartan rasa bombong Lan melu andarbeni
Marang kabudayan lan adat tradhisine dhewe
Para pangarsa uga nyengkuyung
Amrih LOCAL GENIUS/kabudayan lokal
Tansaya ngrembuyung
Bisa dadi titikane bangsa kang maju
urip tansaya maju
Kagawa jaman modern
Ora ateges ninggalake pitutur becik
Samubarang laku kudu nut paugeran
jaman kebebasan aja nganti kebablasan
Mesthine kena kanggo sangu
Ngadhepi kahanan sing sarwa instan
Supaya ora ilang watak lan jati dhirine
Minangka wong jawa kang misuhur
Duweni pakerti lan tradhisi kang luhur
[30/8 17.00] Lestari Sahsa Malika:
BIODATA PANGRIPTA
Lestari Sahsa Malika utawa sesingklon ing jagad kasusastran Denok Ayu Lestari
Lair ing Bojonegoro ,16 pebruari 1973
Seneng nulis ing sosmed lan blog
http://bundasahsa.blogspot.com
Aktif nulis rupa geguritan wiwit taun 2010 lan saperangan wis kapacak ing majalah basa jawa.
Lelumban ing jagad sastra lan dadi anggota PSJB
lan sanggar AJAR GURIT.
Bukune,antologi geguritan karya bareng-bareng
1. GEBYAR KASUSASTRAN
penerbit balai bahasa jawa timur 2016.
2.RERONCEN GURIT
penerbit Paguyuban Ajar Gurit
3. KEMBANG SETAMAN
penerbit Pamarsudi sastra jawa Bojonegoro 2018
4.KEMBANG NEDHENGE MEKAR
5.SANGU LELADI @BUNDA SAHSA
Pendidikan sekolah sing dirampungake
Yaiku :
SDN SIDOBANDUNG 1 lulus taun 1985
SMPN BALEN lulus taun 1988
SMEAN BOJONEGORO lulus taun 1991
Nganti seprene mapan ing desa NGADILUHUR kec.Balen Bojonegoro.
HP : 081252741804
Bunda Lestari Sahsa Malika
310818
Kumpulan geguritan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar