Kamis, 07 Juni 2018

AJA KUMINGSUN

SANGU LELADI

Konang duweni kaluwihan
Bisa sumunar ing wanci dalu
Dhewekne rumangsa bisa madhangi jagad
Sawise srengenge angslup
Nanging nalika lintang-lintang abyor sumunar
rasa kumingsune konang banjur ilang.

Saiki si lintang sing rumansa
yen dheweke sing madhangi jagad.
Ora suwe rembulan ngatonake cahyane
Njalari lintang-lintang kelangan cahyane
Njur katon surem ....
Lintang isin ngungalake awake maneh.

Lumakune wektu njur wis parak esuk
Rembulan sing mau rumangsa madhangi jagad
dadi katon pucet
sawise srengenge mlethek....
Byar padhang
**
Mengkono uga manungsa,
menawa duwe watak kumingsun
merga kasugihane ,
Merga kepinterane
Merga pangkat drajate
Merga ilmune
Biyasane njur jumawa

Mula sok sapa wae
Sing gelem sinau
Marang pralambange alam iku
Muga wae bisa kanggo instropeksi dhiri
Awit samubarang ing alam donya iku ora langgeng.

Pitutur kasebut kena kanggo Sangu Leladi
Jroning nglakoni urip ing satengahing bebrayan (masyarakat).

Leladi  tegese ,= nyuguhake utawa ngatonake patrap kang becik marang sapadha-padha
Kanthi patrap kang andhap-asor lan welas asih
ora ngagungake awake sing rumangsa hebat dhewe.
Ora mung ing bab kasugihan lan drajat-pangkat nanging uga ing bab kapinteran.
Aja gumedhe rumangsa sugih dhewe,
duwe drajat-pangkat lan pinter dhewe.
Sapinter-pintere wong isih ana sing ngungkuli kapinterane.
Ora ana wong sing sampurna
Kabeh duweni kekurangan lan kaluwihan .
Muga bisa dadi pamecut dhiri kanggo ngundhakake kawruh lan wawasan urip ing bebragan agung

Cathetan :
ngungalake awake = pamer
kumingsun = sombong /angkuh / gumedhe
andhap-asor = lembah manah /rendah hati

Bunda
Lestari Sahsa Malika
080618

Tidak ada komentar:

Posting Komentar