1. Senajan ora nate sekolah dhuwur
Kandhane ora mangan bangku sekolah
Ning wong tuwa iku tuwuk mangan uyah
Tegese....
Wis akeh pengalaman urip sing di prangguli
Dadine duweni rasa pangrasa kang jeru banget
Gegayutan kanggo sangu leladi tumraping bebrayan.
Kandhane ora mangan bangku sekolah
Ning wong tuwa iku tuwuk mangan uyah
Tegese....
Wis akeh pengalaman urip sing di prangguli
Dadine duweni rasa pangrasa kang jeru banget
Gegayutan kanggo sangu leladi tumraping bebrayan.
2. Urip samadya utawa urip prasaja
Iku satemene mujudake pilihan
Nanging ora saben wong bisa nglakoni
Akehe malah seneng pamer bandha donya
Nganti direwangi utang
Ngeboti sanggan sajroning panguripan.
Iku satemene mujudake pilihan
Nanging ora saben wong bisa nglakoni
Akehe malah seneng pamer bandha donya
Nganti direwangi utang
Ngeboti sanggan sajroning panguripan.
3. Ngecakake urip prasaja
Iku tegese weruh ing panarima
Ngerteni yen urip iki tansah sesambungan
Lan tulung tinulung marang liyan.
Iku tegese weruh ing panarima
Ngerteni yen urip iki tansah sesambungan
Lan tulung tinulung marang liyan.
4. Seneng sambat
Saben-saben ngrundhel
rumangsa urip tansah susah
Satemene iku nudhuhake kelangan rasa syukur
Marang nikmat sehat lan napas sing isih rinengga
Saben-saben ngrundhel
rumangsa urip tansah susah
Satemene iku nudhuhake kelangan rasa syukur
Marang nikmat sehat lan napas sing isih rinengga
5.
Yen saobahe awak
Isih seneng sambat wae
Iku wong ora duwe rasa syukur
Lakoni wae kanthi ikhlas ati
Aja akeh omonge
ning akehana tumindak lan karyane
Yen saobahe awak
Isih seneng sambat wae
Iku wong ora duwe rasa syukur
Lakoni wae kanthi ikhlas ati
Aja akeh omonge
ning akehana tumindak lan karyane
6. Yen dietung...
Sedina iki mau pira akehe wektu
Kanggo kita dadi wong manfaati?
Pitakon iki sing bisa mangsuli
Ya...kejujuran saka atine dhewe
Apa akeh wektu sing muspra?
Sedina iki mau pira akehe wektu
Kanggo kita dadi wong manfaati?
Pitakon iki sing bisa mangsuli
Ya...kejujuran saka atine dhewe
Apa akeh wektu sing muspra?
7. Sinau ngupaya kabecikan dhiri
Prakara sepele aja digawe gedhe
Aja katrem ing pikiran sing ora penting
Tansah bisa ngemong rasa pangrasa
Mengkone kanugrahan bisa nyedhak
Tanpa kanyana...
Prakara sepele aja digawe gedhe
Aja katrem ing pikiran sing ora penting
Tansah bisa ngemong rasa pangrasa
Mengkone kanugrahan bisa nyedhak
Tanpa kanyana...
8.
Seneng ngudal tembung jare
Malah ngulur crita ora ana enteke
Sing sareh.....
Atine ditata aja grusa-grusu
Mundhak kebranang nesu
Bisa Ngobong hubungan seduluran
Sing sasuwene iki sinambung apik
Seneng ngudal tembung jare
Malah ngulur crita ora ana enteke
Sing sareh.....
Atine ditata aja grusa-grusu
Mundhak kebranang nesu
Bisa Ngobong hubungan seduluran
Sing sasuwene iki sinambung apik
9. Aja seneng ngopeni
Masalah sepele
Merga jare dirasani kanca
Ora ana manfaate lho
Anggep wae angin semilir
Aja nyiksa ati....
Masalah sepele
Merga jare dirasani kanca
Ora ana manfaate lho
Anggep wae angin semilir
Aja nyiksa ati....
10. Kudu bisa nglodhangake wektu
Ngudi murih tentreme jiwa
Andhedhepe mring welas sih Gusti
Aja mung mburu kebutuhan donya
Nganti lali yen urip iku kudu seimbang
Antara lair lan batin....
Ngudi murih tentreme jiwa
Andhedhepe mring welas sih Gusti
Aja mung mburu kebutuhan donya
Nganti lali yen urip iku kudu seimbang
Antara lair lan batin....
11. Seneng ngendhe-endhe wektu
Lan Nglirwaake pakaryan ...
Satemene bisa mbilaeni awake dhewe
Kapercayan saka kanca utawa pak bos
Bisa ilang....
Kamangka golek penggaweyan ora gampang
Mula kudu bisa njaga lan ngundhakake kwalitas dhiri.
Lan Nglirwaake pakaryan ...
Satemene bisa mbilaeni awake dhewe
Kapercayan saka kanca utawa pak bos
Bisa ilang....
Kamangka golek penggaweyan ora gampang
Mula kudu bisa njaga lan ngundhakake kwalitas dhiri.
13. Sing njalari ati ayem
Lamun ati iki bisa iklas
Mengkone ora bakal rumangsa kekurangan
Jalaran tansah sumendhe mring Gusti
Percaya marang kanugrahan
Sing teka sawayah-wayah...
Lamun ati iki bisa iklas
Mengkone ora bakal rumangsa kekurangan
Jalaran tansah sumendhe mring Gusti
Percaya marang kanugrahan
Sing teka sawayah-wayah...
14.
Nuruti rasa serik
Iku pindha ngobong ati
Isine mung panas
Kamangka urip iku Butuh katentreman
Yagene.....ora enggal dileremake
Kanthi diselehake ing pangayomane Gusti.??
Nuruti rasa serik
Iku pindha ngobong ati
Isine mung panas
Kamangka urip iku Butuh katentreman
Yagene.....ora enggal dileremake
Kanthi diselehake ing pangayomane Gusti.??
Tidak ada komentar:
Posting Komentar