Minggu, 17 September 2017

KALARUNG ING SEPI


 KALARUNG SEPI

Kang....
Dakantu sihing tresnamu
Sangisore srengenge awan
Sing nelungake panas
Ambrongot angganing bawana
Senajan pucuk Papringan tumiyung
Mobat-mabit aweh edhuming nala
ning ora kaya sing dakrasa

Mecaki lurung dawa
kanthi jinjit Ing pucuking eri
Perih ....
Nggantha endahe sapetemon
Kapan gepok netra
Angripta sihing tresna
Dakgambar ing larikane idep

Nalika panjenengan kandha
Ana landhep kapang
Ngrenggani jiwa
Ibering pepiginan
winates ing pasemon
Samar...
Ndhingkluk tan kuwawa mulat
Mung rasa geter lelimengan
Seliweran ing jroning dhadha
Apa iya iki tresna satuhu?

Prasetya Kang rinonce
Pasrah kalarung ing sepi
Kembang kaca pecah
sineksen Ratri
Dakpeneg panjeriting ati
Marang atiku...
Gelar lan gulung sakabehing rasamu
Njur selehna ing Dhipan kayu
Klawu....


Denok ayu lestari
170917



Tidak ada komentar:

Posting Komentar