Senin, 17 April 2017

TRITIS ESUK .,160417

TRITIS ESUK
.
ing sesrawungan kuwi asring kedadeyan ujug-ujug atine lara,
Senut-senut merga kesenggol gunem sing ora sengaja saka kanca sing lagi guyonan.
ya ana pancen kanca sing sengaja ngenyek mawa sikape...
lha wong sing rumangsa dienyek utawa ora diajeni
adate banjur kandha lara atine.
kamangka ora ana gangguan apa-apa tumrap “kerjane” ati.
awake ya tetep sehat wal afiat.
Isih kuwat mlayu,isih bisa war-wer otewer...
isih bisa tandhang gawe.
Nanging geneya bisa kandha lara atine?
ing jero awak iki ana perangan sing yen kahanane apik,
bakal becik kahanane umat manungsa.
Suwalike yen barang kasebut rusak, bakal rusak kabeh lelakone manungsa.
.
Barang kasebut yaiku ATI.
Mangka lara iku kalebu kahanan sing lagi ora apik.
Mula ora aneh yen wong sing lagi lara atine
bisa nesu, ngamuk,nyaprut,mrengut,tega mentala,muni-muni sing ora becik,sing kebangeten malah nekad ngayut tuwuh,nglalu.
lho..ya kok cupet temen nalare.
mula mangga dijaga ati ne...
aja gampang maido
aja gampang gela..
aja gampang ngrundhel
aja gampang su'udzon
(kanggo awakku dhewe iki ..hee)
.
ora usah mikir sing kira-kira ora ana paedahe.
sing kira-kira malah ndadekake beban.
jare pakne thole urip kuwi dinikmati..
mili kaya banyu,
ora usah kakehan sengek,,
alhamdulilah...
awak sehat sirah ora kumat
aku ora ngelu wae kanggoku kanugrahan sing luar biasa.
**maturnuwun Gusti
.

Anda, Fauzi Fitrianto, dan 42 lainnya
*jaka Tayub
wuah,,,contone kula..niku sering gojegkan,guyona
n..yen rem'me blong ra jarang nyerempet kiwo tengen...mengko sing kesrempet sambate karo liyan...
saka iku kabeh aquw njaluk ngapura lair tumekane batin nggih bu...mboten wonten niat sengaja gawe lara ati,,anamung guyonan..
geng siang...lan sugeng ngaso...
.
Lestari Sahsa Malika
kang jaka....pokoke oye heee..maturnuwun
Suka · Balas · Sunting · Jumat pukul 11:36
.
Jaka Tayub
maturnuwun ugi mbak...pokok yen nganti njenengan kesrempet,,langsung ngelingke yo...ojo mbok laporke pulisi...hihi




Tidak ada komentar:

Posting Komentar