Minggu, 25 Oktober 2015

KANGGO ATIKU

Lestari Sahsa Malika
~kanggo atiku...
.
coba atine diriwuk aja
gampang gela yen ana
omongan sing "sengak"
sing njalari lara ati
dhadhane dipeneg
unjal ambegan landhung
gedhekna rasa pangapurane
.
pancen ing endi papan ana
wae sandhungan
kadhang saka wong cedhak
sing ora kanyana blas uga
bisa slomorr ucape lan
natoni ati
.
eman-eman yen nganti bisa
ngebot-boti pikiran bisa
nekakake penyakit..
njur sapa sing rugi ?
anggep wae kaya semilir
angin kang ngelus rambut
...
semriwing segerrrrree...
.
# tritis_awan
26 September pukul 4:31 ·

Tidak ada komentar:

Posting Komentar