Rabu, 29 Oktober 2014

SUNGGING MAYA


saka tumiyubing samirana

takregem sakehing
panggrahita

aku kang ngendhem
pangrasa

saka wijiling sungging maya
mblabar ing pelataraning
nala
sumebar padhang semburat
ing antariksa

apa iki dayane kintaka?

kang ginawa angin
kumlawe ngeja saka tyasmu
amping-amping alelewa
ing pojoking netra

tansah sesondheran
dremejeg ing larikane idep
anjalari rasaku ngulandara

gawe ati kebak pitakonan
sapa sejatine panjenengan?

sungging mayamu
nuwuhake kayun
larap-larap angambar
amriik drejel sinukarta

reroncen ukara kang
ngeyomi
dhuhkitaning jiwa

#lest_sm /kump.gurit

Tidak ada komentar:

Posting Komentar