Minggu, 13 Juli 2014

GURIT ESUK


ana geter kang mrambati ati
nalika nyawang mega-mega
memplak gerombolan
kaya putihe kapas
tumangsang ing pang-pang

wilangane ari terus lumaku
pengin takgambar maneh
endahe rasa ing walik mega

senajan wis anyeb
tanpa ana greget

saka punjering rasa
wis takcathet
ing larikane gurit
banjur taksimpen rapet
ngrenggani jroning batinku


#lest_sm/130714

Sabtu, 12 Juli 2014

TLETIK UDAN PUNGKASAN

tletik udan sing pungkasan
nyangking gorehing batin
tumangsang ing pang-pang
lan ron garing

saka pinggir cendhela
ati kang alum semendhe
sinambi nunggu mekare
kembang sore

banyu ngembes mili ana ing ati

aku isih nunggu wartamu
pitakonan datan ana pawangsulan

apa isih ana gurit
kang rinipta
ing selaning tletik udan

hawa atis
bedhidhing adhem njekut
tansaya ngekeb sukma

kanthi panyawang nglangut
ngawiyat ing semburate langit biru

ora ana kumlebatmu
ing pinggir kali
ngarep omahku
takkentirake selembar ron garing
tinulis jenengmu
mbokmenawa isih bisa takluru tapakmu.

#lest_sm/6714


Jumat, 11 Juli 2014

GURIT CEKAk

aku mung bisa ngerteni

yagene...
angin ora banter
udan ora deres

wis bisa ngrubuhake
gedhene karep lan impen

gurit cekak reroncen
ukara tanpa magna

nganthi wengi gumanti
amung nyenyet sing taktemoni

sepi lan sepi
ngawiyat sundhul langit
tanpa kawates

apa tatu iki
bakal takgawa tumeka pati?




#lest_sm/juli14

MESEM

dikaya ngapa ora selawase
langit rupa biru

tansah takwulang ragaku
nalika gumlethak ana dhipan tuwa

mangertiya
urip iku akeh pacobane
ora selawase
 ayem kang tinemu
mesema...
senajan ati lara
senajan ati nelangsa

mesema....
senajan sepi
senajan sepa

dimen ngilangake lungkrahe
rasa pangrasa

tetep ndhedher pitaya
ing sewaliking susah
muga enggal ana bungah.

#lest_sm/juli14

Kamis, 10 Juli 2014

MEGA KLAWU

gurit iki rinonce
nalika sore semendhe
ing pucuking flamboyant

semburate langit biru
malih klawu

angenku ngulandara
sadawane crita lawas
sing wis kalungse

ing antarane mega klawu
taklacak ucule tali tresnamu
nanging panggah ora ketemu

rinasa kaya nyabrang segara
kanthi prau tanpa layar
miyaki gedhene ombak prahara

hawa atis
tansaya nunjem ati

kembang flamboyant
luruh ana pangkon

guritan mega klawu
isih takcenthelake ing punering
inpen-impen

kang anjalari lairing tatu
tresna kabuncang
dening wektu.

#lest_sm/jul14

Sabtu, 05 Juli 2014

REMBULAN MOBLONG

nyawang jembare langit biru
nalika mapag tekane ratri
rembulane wiwit moblong
ucul saka rangkulane mega
manjila ing abyoring lintang
ngegla kawistara kagelar edi

pengin takgambar endahing
pengangen
jejer lintang sayuta
pating kerlip nyengsemke ati

binarung tetesing embun
mancati langit wengi
nyangking hawa atis
isih pengin takpulas abang
jembare angkasa
kanthi jejege sedyaku

sesuluh lintang manjer jroning
dhadha
takranggeh lintang mbaka siji
dimen padhang jangkahku
amematri ana jroning sanubari

wis dakcathet ilange tali ati
kesaput dening angin
ing lembaran batinku
dadi tuguning wektu
kang terus lumaku

rembulane moblong
yagene ora ceblok ing pangkon?

#lest_sm/juli14





MENDHUNG

mendhung kang peteng
ireng nggameng
kaya lumut-lumut ing watu item
nyengkerem ati tansaya surem

ngebaki pojoking ati
jejel riyel tan obah
marang karep tanpa wates
uga ora pantes
mendhung angendanu
anjalari jangka rerenggi
dhuh gusti
saka jero senthong
kang anyep nyenyet
kawula amung saget pasrah
dhumateng paduka
ngupadi pepadhang
ngedhang sumunare surya
ing sakdhuwure sajadah
‪#‎rerenggi‬ /melakukan suatu pekerjaan dng hati2

Kamis, 03 Juli 2014

TANPA ANA TAMBA

isih kaya wingi kahanan jroning ati
ngrakit gurit saka kacicire ukara
takjumputi siji mbaka siji
sing sakuntara rontog
mblasah saklumahe bantala
gogrog bareng tumlawunge rasa
kasempyok awu saka petenging wengi
aku kang kijenan
sumendhe ing gigiring mega

sinambi ngekep tatu

tanpa ana tamba
kanggo jampi usada
tanpa ana ukara
minangka kekuatane jiwa
tanpa ana lelagon
kanggo nglipur ati nelangsa
tanpa ana gendhing
kanggo pangeling-eling

saka kene takranggeh rasamu
rungokna swarane atiku
tansah angrerintih nyebut jenengmu

mbokmenawa sliramu ngerti
aku isih setya ngenteni
aja banget ngrerujit ati
elinga..nalika kaloron ngiket
talining ati.