Anak ku cah ayu
Dina iki wis tambah wilangane yuswamu
Puji syukur ing ngarsane Gusti
Muga dadi wanita kang utama
Tak kudang rina lan wengi
Senajan dalan sing koklewati
ing kalane ana enggokan
Uga mudhun lan undhakan
Aja sumelang ....
Iku minangka pandadaran
Anuju papan kang reja
Donga ibu tansah mili cah ayu
Pindha gemriciking banyu sendhang
Kang ora nate asat
Senajan katiga ngerak
Iki payung gambar godhong waru
Sawayah-wayah udan ngreceh
Uga panas srengenge semelet
Ngiyuba ing sangisore payung iki
Rupa abang jambon kinanthen renda
Iku wujud tresna lan asih saka ibu
Tansah pinter ya ndhuk
Tansah sehat lan bekti
Mituhu pitutur bapak lan ibu
Rahayu widodo
Kalis ing sambikala
Aamiin yra...emuahh 💕💕
Bunda
Lestari Sahsa Malika
080618
Tidak ada komentar:
Posting Komentar